Ketika kita hidup di luar kota atau bahkan di luar negeri, pasti ada sebuah rasa kangen untuk pulang ke kampung halaman. Salah satu orang yang kita sayangi dan kita hormati adalah ibu kita.

mediamuda.com kasih ibu

Untuk mengobati rasa kangen, nggak ada salahnya memutar lagu dari daerah kalian masing-masing. Nha, berhubung saya orang jawa, ya pastinya lagu jawa lebih menyentuh.

Salah satu lagu inspiratif dari jawa ( lagu jowo ) yang dibuat oleh Anti Acne berjudul Simbok dikemas dengan genre hiphop. Aliran lagu ini biasanya memiliki lirik yang diambil dari kehidupan sehari-hari. Dengan mendengarkan lagu SIMBOK, kita bakal inget orang tua sing ono nang kampung dan membuat kita semakin menyadari keberadaan kita di kota.

Lirik Lagu Simbok by Anti Acne

 

Aku ora bakal lali, opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali nemoni simbokku yo sing tak trisnani

 

Saka dino rebo awakku lahir ning dunyo
Saka isone mung nangis, ora ngerti opo-opo
Banjur ditatih ajar mlaku ngasih mlayu
Mundak gede, ngguya-ngguyu trus nangis njaluk puthu
Kabeh tak lakoni opo sing dadi dalanku
Saka ngunthet SPP banjur dithuthuk guru
Simbokku ngasih mumed nganti jengkel diamped
Aku ora wani bali wedi mengko ndak disabet
Nanging simbok tetep trisno karo aku
ra peduli aku bocah sing ora mutu
Onone nggawe mumed trus ninggal mlayu
Wis jaan pokoke ra iso digugu

 

Mbook aku njaluk ngapurane sliramu
Marahi aku kepeped ngedol jarikmu
tak nggo totoan balbalan karo koncoku
Nek menang duwite tak nggo tuku buku

 

Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani

 

Mundak gede tekane wektu bre
mulai plirak-plirik cewek terus tak singsoti (suit suit…)
Pernah pisanan aku mbajul si Parti
jebule Simbok ono ning mburi nggowo cemeti…
Aku njur dioyak mubeng kampung nganti bengi
Aku jan wedi tenan ora wani mbaleni
Tapi esoke Simbok koyone wis lali
gelem nggaweke emmi nganggo endog siji

 

Mundak gede meneh, weruh duwit horni
ono neng mung njaluk jajan tak nggo ngapeli
Si Parti sing pacarku kuwi
onone mung ngejak njaluk tuku klambi
Tak pikir… aku kudu lungo nggolek rezeki
kanggo Simbokku karo tak nggo rabi
Moga-moga Simbok gelem ngrestoni
Hayo wis, aku mangkat saiki

 

Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani

Tekan Kotagede aku dadi gumun dewe
Weruh omah-omah kok gedene podo koyo kene
Dalane ruwet pancen marahi mbingungke
Opo meneh panase, wah marahi kere
Aku dadi sepet mergo le keno macet
Tambah mumed weruh cewek nggo rok methed
Wis pancen tak tekadi urip neng kene
golek gawean nggo butuh saben dinane

 

Simbok
Aku dadi kelingan kowe
Urip neng kene ora koyo neng ndeso kae
Kabeh menungsane ngurus awake dewe
ra iso turu mikir Parti saiki kepiyee
Aku janji arep dadi wong neng kene
Ra ketang keser-keser le ku nggolek duwite
rekasane urip ra arep tak rasake

Yo mung siji, Mbok:

 

Aku njaluk donganee

Aku ora bakal lali
opo sing wis dadi dalane uripku
Janji aku mesti bali
nemoni simbokku yo sing tak trisnani